Bocah cilik jamanku dolanane ora kaya siki sing apa-apa kudu tuku. Nek gemiyen ya apa anane bae lah. Salah sijine dijenengi sundhamanda. Gawena gari nang lemah sing digarisi kothak-kothak. Sundhamanda kuwe nang ndesaku ana werna loro. Jenenge ana sing diarani "potong baju" sing pancen kaya klambi wujude
sing sijine jenenge kelalen, pokoke rupane kaya kiye
bareng SMP nang Banyumas aku ngerti maning sing kaya kiye:
telu-telune beda cara dolanane, pokoke intine golet sawah.
Sing paling gampang karo paling sering nggo dolanan ya sing model potong baju. Nek sing siji madan angel. Gari nguntala gaco, terus dhengklek ping telu, geprek, dhengklek, geprek, dhengklek, geprek terus mbalik kalo njukut gacone. Dhengklek kuwe gampange : diambah sikil siji. Nek Geprek diambah sikil loro. Gaco biasane sekang pecahan gendheng, utawa bareng umahe pada gedhong nganggo pecahan eternit. Ana istilah sing diarani :"mil", kuwe angger salah nguntalna gaco nganti ora mlebu maring kothakan sundhamandha, utawa pas si...